Jumat, 19 Juli 2019

PREINAN AKU RA MARING NDI NDI

         prei wingi aku ra maring ndi ndi, mung nang umah mbantuni wong tua nyuci piring nyapu,  saben sore nyng bal balan nang lapangan perek umah sedurung jam 4 sore nganti pan maghrib bal balan, bengine aku dolan nang umah kancane dolan hp bar isya nganti jam 10 bengi, li esuke maring pulau hamba sari mlaku saking mejasem bar sholat subuh ngampiri kanca li  otw mana, perjalanan se jam kurang lewih

        anjog mana jam set 8 atis nemen jagongan ndisit ngenteni madan ngurang atise, li langsung njebur, wuhhh atise ora kira kira kancane nyng pada katisen, nyong ya katisen biasane nyewa ban nggo seneng seneng maring tengah,  nyewa ban e loro , wonge ana wolu berati siji ban papat wong ning ana sing ra gelem bagi ban e wong sing nang ban di jempalikna nyng tau di jempalikna nganti banyune manjing irung kabeh

        jam 12 nyng balik gamen kanca kanca, nyng karo kancane ora bilas mung mbersihna sendal kue posisi ne lagi teles kebes ngenteni nang kono  lima las menit nganti rong puluh menit, lumayan ws madan kering, bar kue balik, perjalanan balik panase nemen nyng karo kancane nyng ngorong nemen, tuku nginung disit perjalanan balik kadang luwih sue soale gara gara panase, li  mlaku biasane anjog umah se jam setengah

       balik balik kesel nemen sikile pegel, awake mambu laut, sak katoke kanjingan pasir kabeh,  gadine nyng langsung adus bae ra tahan gamen panase kesele mambune, bar adus li nyng ngaca wah gadi ireng raine soale panase nemen li nyng mangan gamen nginung teh anget nang kono seger nemen, kesele ngurang  li sholat dhuhur disit langsung turu saking jam siji nganti jam setengah papat


        jam setengah papat tangi sholat ashar, nyng di ampiri kancane bal balan nang lapangan mejasem pala rong puluh lima, nyng di boncengi motor kancane maring lapangan,  anjog lapangan ana wong desa liya lagi dolan bal, li tak tantang tanding enem lawan enem wong desane pada kemampuane gamen kancane nyng nang kono saben gol di bales gol maning tapi nyng menang olih skor telu loro, balik bal maghrib adus li sholat maghrib
         


BLOG E AKU © 2008 Template by:
SkinCorner