Kamis, 09 Januari 2020

prei

        preinan wingi rong minggu aku ora maring ndi ndi nang umah tok dolan gamen kanca umah bocah enem nganti 7 nan saben esuk jam 7 dolan gamen kanca kanca ku maring kali kali ne lumayan jero gamen layak nggo renang, ora bacin tapi ning kedelek rasane gawe muntah, ya arane kali sih ya nyampur gamen lempung gadine kaya kue, aran kaline kali jenggot diarani kali jenggot kayonge sing ndue arane jenggot, soale ana kuburan 2 nang semak semak


         dina esuke yo podo bae aku dolan maring kali, dolan jam 7 saka umah ngampiri kanca kancane pan maring kali jenggot, alamate nang semanggi nganti kali jenggot jam 8 kurang pas wis anjog kali jenggote kebiasane kanca kanca ne nyong tuding tudingan sing pan jebur disit sapa, li nang kono wis pada ucul klambi kabeh, sing arane ai njebur disitan soale paling seneng gamen sing renang banyu banyu dolan nganti rampung jam 11


         esuke aku dolan maning maring kali, kebiasaan dolane wong desa mangkat kaya biasa jam pitu ngampiri kanca kanca li langsung maring kali jenggot, tapi dina kie beda aku balik saka kali jam 9 kurang, li balik maring umahe kancane aku sing arane ai, nang kono pan njukuti iwak lelene nang kolame ai, soale ws pada gede gede iwake ana lele sing loreng loreng lah, nang kono nguras kolame soale warnane butek nemen iwake ra keton, ws pada olih li di bakar li mangan bareng bareng


        dina esuke pada bae dolan gamen kanca kanca maring kali tapi kie beda pas, kaline deres nemen pas aku njebur aku kelelep se awak aku langsung jaluk tolong maring kancane aku di gendong, li aku nenangna diri ben ra wedi njebur,  nang kono kancaku weruh yuyu li ana jaring nang sampinge pan di serok, li sisan jukut iwak iwake nang kono, ana sepat emas, betik, keting olih sepuluh luwih lah pan di gawa balik kangelan akhire di bebasna maning


          esuke aku tangi jam 8 luwih, tapi ra dolan maring kali, aku diampiri kancane sing arane irgi atik motor nang kono aku dalan dalan maring sulang, pas wis dalan dalan aku balik manig soale aku durung adus, isin dadine adus disit li ws adus aku kumpul maning karo kanca kanca rembugan pan dolan apa, nang kono pada njaluke pada maring pulkod, yawis maring pulkod atik loro motor ceng lu nan, pas nang pantura ne ketemu loro polisi, nang kono rundag nemen soale ra atik helm, polisi ne banter nemen eh jebule mung lewat tok

0 komentar:

Posting Komentar

BLOG E AKU © 2008 Template by:
SkinCorner